Kamis, 05 Maret 2026

KULTUM TAUHID BAHASA JAWA

*KULTUM TAUHID BAHASA JAWA*

*Mlebu neroko mergo laler*

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Alhamdulillah, sedoyo puji namung kagunganipun Allah. Shalawat saha salam mugi tansah katur dhumateng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam.

Para sedherek ingkang dipun rahmati Allah,

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam nate dawuh 
ﺩَﺧَﻞَ ﺍﻟْﺠَﻨَّﺔَ ﺭَﺟُﻞٌ ﻓِﻲْ ﺫُﺑَﺎﺏٍ , ﻭَﺩَﺧَﻞَ ﺍﻟﻨَّﺎﺭَ ﺭَﺟُﻞٌ ﻓِﻲْ ﺫُﺑَﺎﺏٍ، ﻗَﺎﻟُﻮْﺍ : ﻭَﻛَﻴْﻒَ ﺫَﻟِﻚَ ﻳَﺎ ﺭَﺳُﻮْﻝَ ﺍﻟﻠﻪِ؟ ﻗَﺎﻝَ : ﻣَﺮَّ ﺭَﺟُﻼَﻥِ ﻋَﻠَﻰ ﻗَﻮْﻡٍ ﻟَﻬُﻢْ ﺻَﻨَﻢٌ ﻻَ ﻳَﺠُﻮْﺯُﻩُ ﺃَﺣَﺪٌ ﺣَﺘَّﻰ ﻳُﻘَﺮِّﺏَ ﻟَﻪُ ﺷَﻴْﺌًﺎ، ﻓَﻘَﺎﻟُﻮْﺍ ﻷَﺣَﺪِﻫِﻤَﺎ : ﻗَﺮِّﺏْ، ﻗَﺎﻝَ : ﻟَﻴْﺲَ ﻋِﻨْﺪِﻱْ ﺷَﻲْﺀٌ ﺃُﻗَﺮِّﺏُ، ﻗَﺎﻟُﻮْﺍ ﻟَﻪُ : ﻗَﺮِّﺏْ ﻭَﻟَﻮْ ﺫُﺑَﺎﺑًﺎ، ﻓَﻘَﺮَّﺏَ ﺫُﺑَﺎﺑًﺎ ﻓَﺨَﻠُّﻮْﺍ ﺳَﺒِﻴْﻠَﻪُ ﻓَﺪَﺧَﻞَ ﺍﻟﻨَّﺎﺭَ، ﻭَﻗَﺎﻟُﻮْﺍ ﻟِﻶﺧَﺮِ : ﻗَﺮِّﺏْ، ﻓَﻘَﺎﻝَ : ﻣَﺎ ﻛُﻨْﺖُ ﻷُﻗَﺮِّﺏَ ﻷﺣَﺪٍ ﺷَﻴْﺌًﺎ ﺩُﻭْﻥَ ﺍﻟﻠﻪِ ﻓَﻀَﺮَﺑُﻮْﺍ ﻋُﻨُﻘَﻪُ ﻓَﺪَﺧَﻞَ ﺍﻟْﺠَﻨَّﺔَ
Bilih wonten tiyang mlebet swarga amargi lalat, lan wonten ugi tiyang mlebet neraka amargi lalat.

Para sahabat kaget lan takon, “Kepiye saged mekaten, ya Rasulullah?”

Nabi nerangaken, wonten kalih tiyang liwat ing satengahing kaum ingkang gadhah brahala. Saben tiyang ingkang badhe liwat kedah maringi sesaji rumiyin dhateng brahala punika.

Tiyang kapisan dipun dhawuh maringi sesaji. Panjenenganipun matur, “Kula mboten gadhah napa-napa.” Wong-wong punika ngendika, “Sanadyan namung lalat.” Pungkasanipun piyambakipun maringi lalat, lajeng dipun parengaken liwat. Nanging amargi sampun maringi sesaji dhateng selain Allah, piyambakipun mlebet neraka.

Tiyang kaping kalih ugi dipun dhawuh maringi sesaji. Nanging piyambakipun ngendika, “Kula mboten badhe maringi napa-napa dhateng sinten kemawon saliyanipun Allah.” Amargi menika piyambakipun dipun pateni, nanging piyambakipun mlebet swarga. (HR. Ahmad dan Ibnu Abi Syaibah) 

Para sedherek,

Saking hadits punika kita sinau bilih tauhid menika ageng sanget reginipun. Dosa syirik, sanadyan katingal sepele kados namung lalat, nanging menawi nglanggar tauhid, akibatipun abot sanget.

Kita ugi sinau supados boten gampang nuruti tekanan lingkungan menawi nabrak akidah. Lebih becik nandhang susah ing donya tinimbang rusak iman lan celaka ing akhirat.

Ing masyarakat Jawa, sesajen punika taksih asring kita temoni. Kados ta:

••Wonten ingkang nyeleh panganan, kopi, rokok, utawi kembang wonten ngandhap wit ageng amargi ngraos papan punika wonten penunggunipun.
••Wonten ingkang nyeleh sesajen wonten pojok griya nalika miwiti mbangun omah, kanthi niat supados mboten wonten gangguan.
••Wonten ingkang maringi sesajen wonten sawah supados panenipun lancar lan mboten kataman hama.
••Wonten ugi ingkang nggawa sesajen dhateng segara utawi papan tartamtu kanthi pangajab keselamatan.

Menawi sesajen punika dipun tindakaken kanthi keyakinan bilih wonten makhluk sanes saged maringi manfaat utawi nolak cilaka, punika kalebet syirik akbar engkang seget mbatalaken keislaman

Amargi ingkang maringi manfaat lan mudarat namung Allah piyambak.

Mula, ayo kita tinggalaken kebiasaan ingkang saged ngrusak tauhid. Nyuwun keselamatan, rejeki, lan perlindungan namung dhateng Allah.

Mugi Allah njagi tauhid kita, ngiyataken iman kita, lan paring kita mati ing ndhuwur kalimat Laa ilaha illallah.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

_Sedulurmu : Kang Mas Nurhadi Nugroho_